Total Pageviews

Tuesday, October 15, 2013

LAGU PUJIAN ( SINGERAN ) GUS DUR

LAGU PUJIAN ( SINGERAN ) GUS DUR

astaghfirullah robbal baroya, astaghfirullah minal khotoya robbi dzidni ilman nafia, wawa
fiqni amalan sholikhah 

Ya Rasulallah salamun alaik Ya Robbi ‘asyaa niwa daroji Atfata yaji roddal ‘alami Yauhai laljuudi walkaromi ( x2 )

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran Kelawan muji maring Pengeran Kang paring rahmat lan kenikmatan, Rina wengine tanpa pitungan ( 2x )



Duh bala kanca priya wanita Aja mung ngaji syareat blaka Gur pinter ndongeng nulis lan maca, Tembe mburine bakal sangsara ( 2x )

Akeh kang apal Qur’an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe gak di gatekke Yen isih kotor ati akale ( 2x )

Gampang kabujuk nafsu angkara Ing pepahese gebyare ndonya Iri lan meri sugihe tangga, Mula atine peteng lan nista ( 2x )

Ayo sedulur ja nglalekake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide, Baguse sangu mulya matine ( 2x )

Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan seri ngilmune Laku thariqat lan ma’rifate, Uga haqiqat manjing rasane ( 2x )

Alquran qodim wahyu minulya Tanpo tinulis bisa diwaca Iku wejangan guru waskita Den tancepake, ing jero dada  ( 2x )

Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu’jizat Rosul dadi pedoman, Minangka dalan manjinge iman ( 2x )

Kelawan Allah kang Mahasuci udu rangkulan rina lan wengi didiragati diriyadhohi, dzikir lan suluk ja nganti lali  ( 2x )

Uripe ayem rumangsa aman dununge rasa tanda yen iman sabar narima najan pas-pasan, kabeh dinakdir saking Pengeran ( 2x )

Kelawan kanca dulur lan tangga kang padha rukun aja dursila iku sunahe rasul kang mulya, nabi Muhammad panutan kita ( 2x )

Ayo nglakoni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate senajan asor tata lohire, ananging mulya maqom drajate ( 2x )

Lamun palastra ing pungkasane ora kesasar roh lan sukmane den gadhang Allah swarga manggone, udu mayite uga ulese ( 2x )

Ya Rasulallah salamun alaik Ya Robbi ‘asyaa niwa daroji Atfata yaji roddal ‘alami Yauhai laljuudi walkaromi ( x2 )

Al fatihah.

( mohon koreksi bila ada kata atau ejaan yang tidak sesuai.... )

Demikian, lagu singeran gus dur , semoga bermanfaat. Bagi gus dur sendiri, insya Allah pahalanya sudah ditetapkan. Amin.



No comments:

Post a Comment